Photobucket - Video and Image Hosting
seen my
blackrose


22.7.04

setengah telu esuk...klayaban no beringharjo golek nanas sewunan...trus tongkrong no malioboro karo curhat nganti subuh..walah larase koyo ditebahi alu.

oalah..wanita..wanita...tak rewangi wetengku senep kakean nanas mergo mikir kowe...weleh jebule gambang suling..iso nyawang rak iso nyanding.

awakku² mesakke men...awakmu² yoh mesakke men...ealah kapan aku kowe dadi wong sing rak melasi. uripe tansah subringah, malem minggu iso turu, tangi turu iso ngguyu, rak tau nesu, ora kakean sambat, mergo ora kurang ragat...kapan jatahe iso koyo ngunu.

N0 Man No Woman !!


22.7.04